facebook

facebook https://mobile.facebook.com/suharsono.andhap.asor?ref_component=mbasic_home_header&ref_pag

instagram @suharsono_andhap_asor

Minggu, 24 Januari 2016

Kejadian mistis weteng ku loro

   Wetengku rasane loro banget. Mboh lesu mboh warek opo kebelet ngiseng. Opo njor iki pikiranku tok seng pengene weteng loro tok ben iso ngrasakne weteng loro. Opo njal iki perasaanku tok, seng pengen wetengku loro. Wah porak lah jon, kuwi mbor loro weteng. Penting gak loro dompet po maneh loro ati pikiran lan tingkah laku.
   Wes lach saiki ayo budal bareng golek tombo gae nambanni lorone wetengku iki. Ra urus wes, penting budal. Mlaku mlayu ngos ngosan leren dilut ae. "Leren semenit ae kek. Mosok.o gak oleh leren blas". Omongku marang ati. Aku leren sepuluh detik tok. Bareng kuwi langsung budal. Pokok.e budal berangkat. Njor mlaku trus sampek pekoh. Aku teko neng ngisor.e air terjun. Banyune jeblok alus, koyok embun isuk seng tipis tipis. Biyuh rasane adem ayem. Aku banjor leren ngletakne awak ngencengne geger. Ra kroso aku keturon sampek lali nek aku kudu golek tombo. Suwi nek ku turu sampek kroso wetengku lesu. Aku njor tangi budal golek mangan. Seng tak golek.i kok gak nek seng metu, warung.e neng ndi kie, bakol sego kok ra nek. Yo wes lah aku mlaku ae, sampek sampek lali mbek jeneng.e lesu maeng. Ra kroso yo.
   Mlaku menggeh menggeh ngos ngosan. Wes teko kho gene dokter. Aku curhat tentang keluh kesah sedih gelisah ku marang wong kuwi. Ra tak songko kok wetengku kroso lesu neh. Padahal maeng ogak. Aku banjor tekok neng dokter kuwi nduwe sego po ra, aku lesu banget. Nek nduwe aku njalok, nek gak nduwe duduh.ono nggonne warung neng ndi. Trus wong.e omong "nek pengen mangan moro. Neng pawon njimok.o sego mbek jangan manganno sak warekmu". "Suwon pak. Kulo brangkat dikek" aku mlaku neng pawon karo keseok seok. Bancor mangan sak pirinng. Warek rodok.an. aku arep imboh sungkan mbek wong.e, tamu kok ngragas. Wes gak imboh ae sak mene kie wes cukup. Trus aku moro neng pak dokter maneh. Aku takok tentang masalahku iki. Enek opo pak karo weteng ku iki ? Wong.e malah guyu cekakakan. Aku jarene lucu, gae guyon tok, ora serius tor nyenengake. Wong guyu kepingkel pingkel sampek nagis nangis, jarene weteng.e suduk.en mergakne guyu aku seng curhat wetengku loro. Bantenku doter iki stres.a. koyok wong edan guyu trus. Banjor aku gak sabar trus dokter.e kuwi tak getak nyampok kok guyu cekakakan ? Enek opo ? Nyampo ?  Pean po edan ? Wong.e njawab karo jek guyu ae.  "Kowe kie seng edan, weteng gak popo kok muni loro, wes moro.o neng masjid kono ! Ndang budal selak surop !"  Aku jek bingun karo dokter kuwi. Padahal wetengku loro kie.   Kok jarene gak popo malah aku khon neng mesjid. Njahno.o aku ngko d pelet guna guna.  Wah pye kie ? Aku ndredek, awakku teles bles kringeten. Mergakne keweden. Aku banjor mlayu moro neng masjid  sampek lali roso ne wetengku loro. Mak wash wush wesh. Aku mlayu sak kuat tenogoku. Aku roh masjid neng nduwor.e bukit. Aku mlayu munggah, mlayu gak kuat aku mlaku, mlaku gak kuat aku mbrangkang, mbrangkang gak kuat aku ngesot. Aku ngesot sampek nduwor pujok. Aku ngos ngosan menggah menggeh pekoh piyek remok ajor limpek lulai lesu lemah sampek awu pasir lan gragal. Aku leren matang matang neng teras e masjid karo mulehne tenogo. Suwi sampek gak kroso wes isuk. Enek suarane sholawat tarhim karo suarane pitek jago klurok.
Subuh batenku  aku tangi. Bak.e kabeh kameng mbor ngimpi. Wetengku gak popo. Critoku iki ojo mbok lebokne ati. Wes tha ? Ojo ? Garah.i awakmu emosi tow. Hehehehe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar