facebook

facebook https://mobile.facebook.com/suharsono.andhap.asor?ref_component=mbasic_home_header&ref_pag

instagram @suharsono_andhap_asor

Kamis, 17 September 2015

Air terjun watu lumbung

   Dino minggu tanggal 13 september 2015. Aku nduwe niat jalan jalan neng air terjun anyar neng sawahan seng lagek d temokne kuwi. Tapi aku gak roh dalanne. Pye kie. Otomatis aku takok bocah sawahan. Dulur lanang pas SMA mbiyen jeneng.e ahmad mubarok omah.e salam. Cae tak introgasi via pesan singkat nama lione SMS. Jarene cae eroh nggonne lan cae yo wes tau rono karo bolo bolo SMA mbiyen. Wes budal wae bantenku.
   Perjalannan soko pesulor sekitar jam 9an tak lanjut neng SPBUne pak mat sekarputih. Isi premium Rp 20.000 ae bantenku wes cukup, neng tenk yo jek enek sak strep, mandak neng sawahan kono ae low. Aku budal dolan karo enek seng ngganjel neng mripatku. Aku kelilipan mboh opo sak wes.e muleh soko ngluyu ndek ngi. Dadine mripatku seng kiwo rodok enek seng ngrenjel ngrenjel ngono. Tapi tak tekat ae. Lha jeneng.e ae pengen roh. Walaupun ngono tetep tak lanjut.ne wae. Sekalian refresing. Ngedem utek lha kerjo trus kapan piknik.e ? Aku kho salam sekitar jam 9.30an. Aku mlaku alon mas bro mergakne mripatku klilipan. Leren sek cangkruk sedilut mbek dulur lanang. Jarene cae kae pas pertama rono mbek bolo bolo SMA numpak trel. Jarene medanne exstriem. Montor gak iso simpangan. Kudu ngalon ngalon wae. Jam 10 aku mutus ne budal rono. Wes pokok.e lanjut wae. Aku mlaku alon alon. Neng tengah perjalannan enek kontener muat peti kenas seng munggah moro neng sawahan. Garah.i mancet kie. Kontener.e seng model dowo tor ombo pisan. Mlaku alon sanget. Buntut kendaraan seng enek neng gurine kontenner sekitar 150 meteran. Tak itung enek 5 truk cilik. 3 col sawahan. 3 L300 Lan puluhan Sepedah montor. Seng antri pengen nyalep kontenner maeng. Batenku  nganjuk mundak maju ae. Kontenner munggah gunung sawahan. Aku seng wes tau nyalep ngene kie neng suroboyo yo panggah paham selah.e. Tak salep ae pas enek wong seng neng nduwor.e kebin (ndas) truk kontener wie ngekek.i kode maju karo gowo gutek. Maaakkk weeechsss. Aku melesat jauh meninggalkan dikau. Paleng truk maeng rep bongkar neng gudang entan dalan nduwur.e tingkungan leter S seng enek neng nduwor.
   Aku mlaku ngidol sampek lapangan sawahan. Bar kho lapangan sawahan trus ngulon arah madion. Aku maleh ileng pas kemah HW mbiyen. Golek wong servis gae mbenakne jenset sekolah seng gae kemah, gak kenek d urepne. Malah wong seng tak parani wie GAK ISO. Padahal wes tak enteni 45an menit. Mergakne wong.e jek ados. Bantenku kie yo sebel tapi yo pye neh.Tapi Alhamdullillah enek dewa penolong seng iso mbennak.ne jenset kuwi. Aku yo gak kenal tapi intine wong wie bojone guru SMAM. Suwon pak. Lha aku arep kenalan tapi aku.ne umek dewe golek bensin gae jenset seng kenek mekan wie. Seksi perlengkapan mas bro tugasku neng HW SMAM angkatan X ben awakmu paham nyampo aku kok umek dewe nek enek barang seng gak cocok  ngono wie. Nek ileng wkwkwkwkwk jaman mbiyen kie jan seru seru.
   Aku ngulon nurut dalan ae mas bro. Dalanne wes aspal alus. Padahal pas jaman sekolah mbiyen. Dalane aspal remok ples makadan. Jan gak penak blas. Tapi wie mbiyen jaman dahulu saiki wes penak tenan. Trus aku nemokne persimpang seng neng tengah.e enek wet.e. jare ahmad, aku khon lurus ae. Neng persimpangan wie jarene neng dino opo enek pasar.e barang. Aku trus ngliwat alas jati. Wau. Alas jatine jan apik. Ngalah ngalahne neng malang pas aku neng balae kambang mbiyen. Aku bersyukur nganjuk jek enek seng ngene. Seng garah.i aku bingung gak ntek piker.i. Mbek alas jati neng ngluyu mas bro. Maleh gresang tandus lan alus. Aku pangkleng tenan karo alas jati ngluyu, seng mbiyen ae ridang akeh wet jatine saiki kok maleh ngono. Tapi yo wes lah. Saiki mbahas perjalannanku ae neng dalan seng alus lan mulus ngliwat.i alas jati kie. Biyuh aku pengen rene neh mak. Enek sensasine. Enek kesanne. Mungkin kie salah sijine seng garah.i aku pengen neng air terjun watu lumbung neh.
   Perjalanan tak nikmat.i tenan mas bro sampek aku nemokne dalan aspal biasa. Yo aspal biasa. Duduk aspal alus lan mulus. Tapi jek dalam kategori aspal, tepat.e aspal setengah remek wkwkwkwk. Neng perjalanan kie aku roh nek akeh deso neng nduwor gunung kie. Jarene ahmad neng nduwor jek akeh deso deso terpencil lan SMP 2 sawahan yo enek jarene ? Biyuh nganjuk kie jan luas ya ? Opo aku ae seng gak tau piknik neng nganjuk ae wkwkwk. Aku yo roh enek pertelon seng jurusanne neng Saradan, Madiun lan Solo. Pikerku sopo njal seng gelem liwat kene moro neng saradan. Wkwkwkwk. Tapi menurutku nek aku pengen neng saradan kho kene yo paleng cedak liwat ken, opo maneh musim mudik. Perempatan guyangan macet total. Ngalah ngalahne sby pas jam budal lan muleh kerjo.
   Lanjut neh aku mlebu dalan lemah ples pasir. Dalan.e mbaon (sawah seng enek neng alas). Oke semangat ayo melaju maju. Bener seng d omongne ahmad dalanne penuh debu. Sujune aku gowo hlem tropong INK C1maleh gak bulek. Ayo mak aku wes semangat ngelak montor kie. Tanjakan n tikungan tak lalap habis. Jarene ahmad "awakmu kok penak men har ?" Tak jawab ae "Lha pangannaku neng lumanjang kie yo ngene kie. Tapi gowo montor SMES". Tak rasakne montor lanang kie enek seng bedo mbek smes. Banne montor lanang gak iso nyakep pas neng pasir tapi nek tenogone penak.Bantenku penting lancar ae. Trus aku ngliwat.i warong ples protal seng di kelola penduduk srkitar. Portal.e kuwi gae njalok dana sak iklas.e soko wong wong seng moro rono tak isi ae 4.000 . Bukanne aku gak iklas khok tak tulis neng kene tapi gae awakmu kabeh nek ngisi yo ojo kricikan. Sekali kali dluwang. Wkwkwkwkw
   Aku masok dalan tegalan. Lemah.e gak pasek blas, malah pasir lan watu nyrongot nyrongot seng enek. Ketok.i koyok dalanna banyu neng wayah musim penghujan mulakne pasir.e akeh. Wes tak gasak ae. Trus aku ngliwati parkiran selo leter. Tapi aku munggah langsung ae. Ngko muleh.e ae mamper neng selo leter. Aku ngliwat.i alas papringan. Lan wet wet gede seng tumbang alias ceklek. Jan serem tenan mas bro. Awakmu ojo omong seng aneh aneh neng kene nek pengen slamet. Tor ojo ngentengne medan hasil.e ngko koyok aku seng tibo kepleset pasir. Aku mlaku dengn percaya diri (alias ngentengne medanne) pas neng tanjakan berpasir lan gak enek acang acang mlayu  seng kudune d surung. Tak gelak dewe. Hasil.e opo ??? Banku munyer tok, montor mundur trus goleng. Critane ngene : Aku munggah tanjakan posisi ngoceng ahmad. Gak enek selah mlayu. Aku masuk preseneleng siji montor tak mong munggah. Lha bareng kho tengah tanjakan. Ban munyer dewe kelelep pasir. Gak kurang akal montor tak stek. Bukanne maju malah montor ngetrel setengah meter. Bantenku "nek malek mengguri pye kie ??". Paleng kabotan guri mergakne enek seng tak goceng tor posisi tanjakan duwur.Langsung ae montor tak dok.ne. Mak blekkk. Bar wie aku bingung. Posisi rem tak pijet kabeh tapi montor  jek meluncur mengguri. Batenku " dari pada aku keblekan pedah montor, aku mlayu ae"  montor tak uncalne nganan. Aku mlayu mengguri moro nganan. Tapi seng tak playuni kie lemah.e gembor. Langsung ae aku ceblok mengisor neng arah kali. Seng duwur.e cuma 2,5 meter.an. Tapi yo loro mak neng sikil nahan pijakana neng tebing kuwie. Ahmad bingun, gundah lan gusar aku jeblok mengisor. Cae pengen cepet cepet nolong aku. Tapi akune " santai kek ae. Sek tak ambekkan" karo guya guyu kekelen kok iso ceblok ngene.Nek cae jarene gak popo, mergakne cae ceblok neng gon seng penak wkwkwkwk. Aku posisi neng ngisor kie jek sempat sempat eksis. "Foto kek" jareku ngomong neh ahmad. Tapi sayang foto.ne ilang. Janne lucu pas seng neng ngisor wie hahahahahaha. Aku munggah mantenni pedah montor mas bro. Pedahku jek urep mas bro padahal injeksi. Trus jek sempat sempat.e foto maneh. Dadine pedah.e gong tak dekne kek. Tapi wes foto foto neh. Wkwkwkwkwk. Bar foto foto Montor tak dek ne. Tak sendekne neng tebing. Trus tak urip neh. . Wkwkwwkwk bak.e kenek bos. ALLHAMMDULLILLAH. wes aku munggah posisi d surung ahmad mubarok, bareng kho nduwor tanjakan cae tak goceng neh sampek kho air terjun. Mulakne ati ati mas bro nek munggah rono. Dalanne jek gong jelas.
   Aku wes teko air terjune mas bro. Banteku apik tenan kie. Jek alamai. Akeh air terjun seng tau tak paranni mulai neng Nganjuk air terjun sedudo mbek roro kuning, Kediri air terjun dholo besuki Mojokerto air terjun watu lumpang, Malang air terjun coban rondo, lan Lumajang air terjun goa tetes mbek coban sewu. Tapi seng paleng berkesan kie mbor neng kene tok. Iso numpak pedah montor sampek kho ngon. Tampa mlaku adoh adoh. Aku seneng banget. Aku trus ados. Bareng ados lha kok sikilku kroso perih. Lha dala, sikilku buset pas neng polok mbek gares. Paleng pas meluncur kebawah maeng natap watu. Wkwkkwkwwk batenku kie yo guyu ae. Mergakne sikelku buset gak kroso. Bar wie wes ados wes foto foto. Wayah.e neng air terjun selo leter seng enek neng ngisor. Aku pengen rene neh. Tapi mboh kapan kapan ngono. Pokok.e kudu rene neh.
Aku mlaku mengisor karo roso seneng. Wayah.e neng selo leter (jeneng.e tetes embun pas mbiyen jarene ahmad). Aku parkir neng ngonne patkir mas bro. Trus mlaku sekitar 300 meteran. Aku yo gak kesel koyok biasane seng wes menggeh menggeh nek munggah gunung. Wes pokok.e semangat trus. Bareng kho kono. Air terjunne yo upaik puol sangar lah mas bro. Koyok neng lumajang ae enek bayu seng netes neng selah selah.e tebing. Aku janne wes foto foto tapi sayang foto ne kurang jelas. Hahahaha. Aku yo petok mbek cah kono seng gowo pedah brodolan ban tahu. Hahahaha sangar wes. Cae lan montor.e penak tenan mlajune. Jan jos tenan wes.
    Sak wes.e neng selo leter aku mudun mengisor mamper neng warung protal maeng pesen susu mbek kopi. Aku yo cangkruk mbek wong wong kono mbek nyruput susu. Aku yo crito nek aku mari tibo neng nduwor maeng. Jarene mas mas.e mben rep d kek.i rambu rambu pas neng tanjak.an kuwi. Jarene gak aku tok seng tibo neng kono. Wes akeh seng tibo neng kono jarene. Aak wes.e ngobrol ngalor ngidol aku pamet muleh. Neng perjalan medon aku yo jek sempat sempat.e foto neng dalan alus lan nomokne truk kontener seng tak salep maeng lagi bungkar muat neng gudang anding.e dalan leter S sawahan. Aku mampir neng omah.e ahmad karo leren sekitar 1 jam.an . Trus aku meh menuju pesulor. Neng perjalannan mengisor wie aku jek petok mbek truk kontener maeng. Hahahahah jodo tenan mbek aku kie ketok.e. Seng garah.i aku seneng kie neng ngarep.e truk kontebner enek wong seng numpak pedah montor seng ngode ngarep enek kendaraan po ra marang sopir kontener seng enek neng gurine kuwi. Batenku kreatif tenan kie. Wkwkkwk. . . Aku wes kho pesu tapi enek seng garah.i aku sebel lan gudah. Mripatku jek kelilipan mas bro. Tapi ndak popo wes penting aku wes refresing neng air terjun seng apik tenan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar