facebook

facebook https://mobile.facebook.com/suharsono.andhap.asor?ref_component=mbasic_home_header&ref_pag

instagram @suharsono_andhap_asor

Selasa, 08 September 2015

Jalanan yang panjang yang penuh arti (16 agustus 2015 bagian 2)

   Perjalan tak lanjutne maneh bro. Moro neng balai kambang. Aku manot opo jare mas.e sakpolpp kameng. Aku mlaku 60-70 km/jam. Enak enak mlaku hp nokia 1650 ku muni. Batenku sopo seng telfon kie, mosok pak Jokowi arep ngekek.i aku duwet wkwkwkwk. Aku mingger trus  ngangkat telfon mau, bak.e numer anyar. Sopo gerangan yang nelfon aku ini. "Halo sopo kie" jawabku mbengok banter neng hp. Mergakne akeh suoro kendaraan seng podo liwat. "Kie aku har. Awakmu moro neng ndi. Nek numpak montor ojo banter banter ?" Wah jelas.e kie suarane dulur lanang. Ketok.e cae gak iso mbalap malah keri adoh. "Oek aku moro mengarep trus. . Pokok.e lurus. Tak entenni neng ngisor.e baliho malang madep mantep" jareneku menyang telfon mau. Aku nunggu cae enek 2 menitan. Cae muncul juga." Sabar lah bos nek numpak ojo banter banter. Aku kie gak tegen gae montor metik. Mergakne kie montor silihan. Mlaku santai ae. Aluuuusss" jarene cae njelasne kok iso keri koyok ngono. Aku yo bingung mas bro, cae biasane gae montor lanang sakki gae metik hahahahaaaa yo lucu ya. Iso gak tegen padahal nek numpak montor lanang iso mlayu 100 km/jam barang. Tau balapan karo aku sby-nganjuk barang. . Wkwkwkwkw sakki gae metik gak tegen.
   Wes perjalannane tak lanjutne maneh. Aku sakki numpak 40-50 km/jam mlaku uuaaaluuus mas bro. Aku mesti ngontrol guri. Nek cae gak neng guriku aku ngalon ae. Nek nyalep yo ngono aku kudu golek stan seng ombo lan adoh ben cae yo iso nyalep. Wes ngono trus sampek neng balai kambang. Neng perjalannan aku mbaten tau liwat dalan iki. Tapi mosok.o ??? Aku yo lamat lamat. Bak.e tenan mas bro aku tau liwat dalan iki ndek jaman SMP mbiyen, pas jaman aku dadi krenet truk gandengan, aku tau kirem beras neng bulog kebun agong, beras soko mlorah rejoso kirim neng kebonagong malang. Enek hal hala seng garah.i aku ileng, yoiku pabrik gulo.ne mas bro lan pabrik rokok penamas seng jejer mbek bulog kebunagung. Jaman semono aku kirem beras nek muleh mesti liwat blitar. Mamper neng bendungan karang kates malang mbek mampir warong neng tengah alas ndek daerah blitar. Mangan iwak doro mas bro. Aku kaet mbiyen kie wes gelek touring tapi numpak gandengan. Jaman kawak awu pas aku durong TK aku wes tau neng jakarta liwat pantura numpak gandengan. Yo ngene kie cah. Anak.e sopir trek. Waduh kok maleh mbahas masa lalu ngene ???? Perjalanan tak lanjud.ne maneh ngidol sampak aku temu per.empatan seng garah.i pikiranku bingung. Mergakne petujuk arah.e gak jelas. Trus aku nduwe inisiatif takok marang ibu numpak montor seng enek neng sebelahku, wong.e lagi ngentenni lampu mekan ijo, podo mbek aku. (Kejadian ini jangan anda tiru karena tidak sopan. Kalo bertanya mohon untuk turun dari kendaraaan dan matikan mesin) . "Bu... badhe tangklet arah pantai balai kambang niku pundi ??" Aku takok karo model nguallem ngono bro, ben wong.e ngesakne aku. "Arah rono mas (ngetan). Pean liwat gondanglegi trus nganan (ngidol) ae mas. Ngko liwat bantur ngidol terus sampek laut. Pean kie lurus janne iso tapi dalanne gak penak." Wong.e njawab mbek mesem. Paleng ngesakne aku, wong adoh seng kesasar. Yo ngene kie cah nasip.e wong seng pengen dolan tapi gak roh dalan. Maleh ndapok wong ilang mbodel mbambong hahahahaha. "Ngeh bu suwon sanget. Monggo kulo riyen" aku langsong motong dalan gene bu.e maeng seng enek neng kiwoku. Makkkk sllleettttt. Aku bermanuver motong dalan koyok bus sumber seng njimok penumpang. Tenang ae mas bro lampune jek abang. Bu.e yo gak obah. Wong.e aman.
   Aku langsung ngetan ngliwat.i rel sepor trus nganan liwat ngarep kantor bupati malang seng enek neng sebelah etan dalan. Aku yo maleh eroh markas.e AREMA yoiku stadion kanjuruan. Stadionne gedi bak.e. Luweh gedi iki, dari pada stadion 10 november tambak sari surabaya. Aku janne pengen foto foto tapi cah cah wegah. Langsung lanjud wae jarene. Aku lanjut mas bro aku manot pentunjuk arah seng enek. Kabeh jelas, ketok kabeh. Wes penak lach pokok.e. Aku wes kho gondanglegi trus menggok nganan arah mbantur. Aku mulai liwat dalan seng ombone koyok dalan deso tapi beraspal goreng. Enek sesuatu seng gae aku penasaran mas bro. Opo njal menurutmu, mestine sesuatu seng janggal bin aneh. Roh bus seng ukuran.e koyok sumber kencono, mira, n akas. Bus wie neng balai kambang mas bro, padahal dalanne sederhana. Nek papasan koyok opo njal. Papasan mbek truk ae pres. Po meneh papasan mbek podo bus.e. Njahno.o rorokuning iso ngene, khan manne sangar. . . .  Hahaha berharap kie mas bro. Wisata ne nganjuk iso koyok malang.
   Aku mulai nglewat.i alas seng d maksud mas mas sakpolpp maeng, aku rodok kecelik, tak kiro medanne medenni bak.e podo koyok neng rorokuning. Medanne biasa biasa ae, Pye njal prasaanmu ? Aku ngliwati bukit penuh tanaman tebu. Nek jarene wong wong tebang tebu seng tau tak muat gae gandengan, kuwi jenis tebu carang. Cilik cilik tapi akeh tor mbengkong mbengkong. Tebu iki angel toto.an.ne neng truk. Jek enak seng kenceng kenceng koyok tebu ijo ngono kae. Bar wie aku ngliwat hutan jati mas bro. . Apik apik ngono . . Podo mbek neng ngluyu. Arah ku kie yo arep foto foto tapi males mandek mandek. Aku yo nglewat.i dalan buka.an anyar. Enek tulisanne sedang biru < 22km. Tapi dalanne jek lemah bar d kerok karo bego ngono.
   Aku teko neng pantai balai kambang mbayar 35.000 mas bro, aku langsung menuju parkiran seng sebelah kulon. Nek parkiran seng etan enek tulisanne 25.000, aku meh mlebu kuwi tapi gak sido mergakne males mbayar neh (gak nduwe duwet, bayangno 25x2 khan wes 50). Neng perjalan ngulon wie aku nemokne bus bus gedi seng jumlah.e kliwat soko 5. . Wawawawww pye njal. Hahahaha. Aku mlebu parkiran trus nitipne hlemku. Parkir.e gratis tapi titip hlem.e mbayar 5000. Pye menurutmu ? Aku yo petok cah NCC (Nganjuk CB150R Comoniti) jarene touting rutin. Acara ulannan. Jane aku rep njalok keletan (stiker). Tapi aku sungkan. Wkwkwkkwwk Trus aku golek bakol sego sambel lawoh iwak HIU. Tapi gak iso nemokne. Hasil.e aku mangan popmie ae. wes gae ngganjel weteng wkwkwwk. . Regane cukup murah mas bro cuma 7.000 per biji (mergakne enek.e kuwi). .
   Pulau ismoyo seng tak tuju sak wes.e mangam popmie maeng. Pokok.e pulau ne apik. Lagek iki aku mlaku mlaku neng luar pulau jawa mas bro. Sak durung.e aku yo wes tau neng pulau maduro. . Njal awakmu opo wes tau moro neng luar pulau. Nek aku khan wes pernah. .wkwkwkwkwkw. . Aku yo foto foto neng kono.  Ben enek buktine. Trus tak lanjud moro ngulon neng pulau penyu. . Tapi mbayar neh 5.000 per wong. Nyonya tak jak nglangi neng laot tapi moh alasanne gak gowo salen. Janne banyune bening tor resik. Aku kie yo lagek roh seng jeneng.e pasir putih seng langsung neng laut kie pye (mbiyen aku tau neng tulungagung. Tapi aku wes lali mergakne cilikannku mbuiyeen kae. Umur 6 th) Biasane khan pasir ireng neng lumajang ae seng tak eroh.i nek gak yo pasir sertu seng gae ngurok kae. Wkwkwk. .aku leren, nyantai. Hawane enak anginne sumiler spoi spoi. Njahne.o ae ??? Sak wes.e leren aku mlaku ngulon neng anding.e pulau penyu. Khan enek jembatan penyebranganne wie. Tapi khan wes gapok lan remok. Karek setengah tok seng jek utoh. Aku nduwe inisiatif menek jembatan kuwi. Janne kie yo wedi tapi yo gak popo wes, nek ceblok yo ketok. Aku rekoso menek.e, batenku wong mancing kae ae iso, nyampo kok aku gak iso. Ayo semangat. Sak wes.e kho nduwor. Dulur lanang pengen munggah yo.an hahaha cae yo kesusahan munggah.e. bareng kho nduwor arep foto foto tapi hp ne keri neng ngisor. Wah mosok.o aku mengisor njipok hpne neh. Yo pekoh lek. Mosok.o hpne tak khon nguncal.ne, lha nek ngko, aku gak iso nyekel, trus hpne ceblok pye ? Hancur sudah!!!! Sujune aku ileng enek tongsis. Hpne tak khon nalen.i neng tongsis. Trus karo nyonya di kek.ne kho ngisor. Aku maleh iso foto foto neng nduwur.e jembatan seng karek setengah kuwi. . . Hahahahahaa sangar lah. . Sak wes.e kuwi aku muleh mas bro. .jam wes awan sekitar jam 2an lebih.
   Neng perjalannanku kho pulau penyu neng parkiran jan rame pol. Sampek mancet. Wong.e dusel duselan koyok.o pasar .prei 3 hari mas bro. . Bareng kho parkiran enek kejadian seng garah.i aku ngelu, ndredek lan bingung. Kracis hlemku ilang. . . Pye njal prasaanmu. Aku bingung setengah mati. Tak ileng ileng tak kek ndi. Ilengku tak kek dompet tapi neng dompet gak enek. Mestine ceblok. Opo ceblok pas tuku popnie maeng. Njal tak golek.i neh neng kono . Bak.e tenan mas bro ceblok neng andeng.e bakol popmie mau. Batenku sokor. Tapi awak ku jek keter. Tenan po ra krascis.e kie. Wediku nek numer bedo. . Ajoooorrr. Tak tekat ae aku nggolek.i hlemku neng penitipan hlem kek, trus lagek tak cocokne mbek numer.e.   wkwkwkwk bak.e cocok mak. . Wes aman. Aku mlaku metu ndelok bus bus seng d parkir jan akeh. Hebat wes sopir.e. . Jelas.e wes kulino. . Bay bay balai kambang
   Pantai balai kambang. Di sini kita mendapatkan pelajaran. Bagaimana hal yang d kerjakan dengan baik dan benar, insyaallah akan menjadi baik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar